cerpen bahasa jawa krama alus singkat
B. Daerah
revayuniaf
Pertanyaan
cerpen bahasa jawa krama alus singkat
2 Jawaban
-
1. Jawaban AuFaHanafi
Wis dadi pegaweyanku saben dinane wiwit kelas 7 SMP, sapungkure Bapak lan Ibu pisahan, saben mulih sekolah aku mbantu Ibu golek dhuwit kanggo biaya sekolah kanthi cara narik becak kang mangkal ing sangarepe Pasar Gedhe Cilacap.
Sawijining dina ing wayah sore ora dinyana aku ketekan turis loro lanang lan wadon. Mesthi wae atiku bungah banget, nangin bingungku "mengko aku ora bisa ngucap nganggo Basa Inggris ora ya? " O... iya arep dak coba kemampuanku, jalaran bijiku Bahasa Inggris ing raport rada apik yaiku 80. Senajan yen ngomong isih pating pechotot.
"Good morning sir, where are you going? Can I help you? Let's go together with me by becak, OK? " mangkono anggonku ngomong karo turis lanang. " Yes, go to Hotel Mutiara, ok" Rada suwe anggonku nglaju becak, wusanane tekan sing dituju yaiku Hotel Mutiara. Turis lanang pitakon "How much I must to pay? " Kanthi gugup aku njawab " One hundred " Krungu jawabanku turis loro malah ngguyu. Turis wadon ngrogoh sak masrahake dhuwot satus rupiah, "Lhadalah.... kok mung satus perak ? " Aku kaget lan ndomblong. -
2. Jawaban nonanomie
Jalaranipun kula bade sowan dhateng dalemipun budhe wonten Malang amargi prei sekolah, Bapak kalian Ibu mboten saget nderek mula kula dipun utus bidal piyambak. Bapak mundhutake kula tiket kereta. Bapak sampun ngaturi pirsa manawi keretanipun bidal radi enjing. Kula didhawuhi bapak supados tangi enjing. Dasar kula ngerkaos mboten mirengaken bapak, kula kesiangan. Bapak duka duka amargi kula ditinggal kalian keretanipun. Dadosipun kula kepeksa nitih bis. Saking Malang kula crita kalian budhe. Budhe namung nggujeng kemawon.